Jumat, 12 Mei 2017

Sewelasan Asah Asihe Simbah


Sewelasan Asah Asihe Simbah
*Mayoe

séwelas asih kemise legi
urip urupe sérngenge wanci sore
mboro ing mowo surup ing langite
abang-abang jinggrang padange
wulan ndadari ruah sasine

boca-bocah ngumpul dolanan rame-rame
bébaréngan nyawiji ngaji marang simbahe
lénggah ing mbale némbang ngawe-awe
sing podo tumindhak dewe
eman kanggo gawe turu sore
alang ilinge ilang ceritane

séwelasane simbah ngendong-endong kanggo putune
kang tansah asih marang wong tuwane anake dewe
ora gampang nyukupake opo anane
ora cukup anane dicukupake
putune yo anake, anake yo putune
raup nguyup éluh luhe asin uripe
grémat-grémét ora dianggép lakune
susah tumindhake payah pengarépane pasrah isane
amung ngémong gégére nggendong nglérépake mingsék tangise

ngasah asihe ati nganti wéngi
tumrape wulan ndadari padang kanti gagat isuk
semurate pasuryan abang ngawiting rino
jalaran ngulu paite péténg ati kang trésno
nglolohi kolo bendu tetembangan asépi
kanggowo ngati tumindhak bali

0 Komentar:

Posting Komentar